Filsafat Ana Ing Tembang Macapat

Tembang macapat iku tetembangan klasik jawa kang mula bukane jaman para Wali. Mulane isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat akeh kang isine budi luhur, akhlak, lan kabudayan agung. Tembang macapat kabehe ana sewelas. Awake dhewe akeh kang wis tau krungu tembang macapat, nanging akeh sing durung ngerti ana filsafat lan urutaning tembang macapat iku. Sak durunge, ana ing tembang macapat, ana istilah Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing baris ana ing sak pada (bait), guru wilangan yaiku cacahing suku kata ana ing saben gatra (baris), lan guru lagu yaiku tibaning swara (vokal) ana ing pungkasaning gatra/baris.

1. Maskumambang.

Guru gatra (baris) : 4 gatra, guru wilangan lan guru lagu-ne yaiku: 10i, 6a, 8i, 8a. Contone tembang maskumambang:

Klek-klek biyung sira aneng ngendi (10i : guru wilangan 10, guru lagu ”i”)

Enggal tulungana (6a)

Awakku kecemplung warih (8i)

Gulagepan wus meh pejah (8a)

Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung-apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara

2. Mijil

Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Contone:

Mijil ing donya siniwi ratri (10-i)

Kabeh durung katon (6-o)

Amung anjali soca ing tembé (10-é)

Lelaku alon siniji-siji (10-i)

Nunggu mring wartaning (6-i)

Sesotya satuhu (6-u)

Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing bumi Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi Tata Tentrem Kerta Raharja Lir Saka Sambikala, kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem rakyate sengsara, lir mulya kebak durjana.

3. Sinom

Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. Sinom nduwe 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku: 8 – a, 8 – i, 8 – a, 8 – i, 7 – i, 8 – u, 7 – a, 8 – i, 12 – a

4. Kinanthi

Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanti saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe butuh tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan. Contone golek ngilmu kanuragan nganti tekan Taiwan, direwangi dadi TKI, sing penting entuk ilmu lan nge-net gratis.:D. Kinanthi nduweni 6 gatra,

  • 8-u
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i

5. Asmarandana

Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Dadi saiki yen mas-mas lan mbak mbak lagi gandrung, ojo mung nyanyi lagune ST12 utawa Kangen Band.. saiki jamane macapat.. (ngimpi entuk to?). Mungkin yen macapat trus diiringi Erwin Gutawa, dadi mantep…OYEEE!!

Asmarandana nduweni 7 gatra (larik) ana ing saben pada (bait):

  • 8-i
  • 8-a
  • 8-é
  • 8-a
  • 7-a
  • 8-u
  • 8-a

6. Gambuh

Tembung iki biasane yen ditakoni tapi ora ngerti jawabe, Gambuh!!! (eh kleru, Lha mBuh!!).. ngguyu sik, ben ga sepaneng.

Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh / sawiji,dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kulawarga.

Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing paling akeh kanca-kancaku bisa. Isih eling karo tembang :

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutur
Katutuh pan dadi awon

Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku

7. Dhandanggula

Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan.  Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ono ing tembang iki. Salah sawijining tembang macapat sing paling disenengi almarhum bapak yaiku Dhandanggula. Aku isih kelingan bapakku ngajari aku tembang iki, kang cinipta dening Sunan Kalijaga  :

Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh hayu luputa ing lara

luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani

miwah panggawe ala

gunaning wong luput
geni atemahan tirta

maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna

Dhandhanggula saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).

  • 10-i
  • 10-a
  • 8 -é
  • 7 -u
  • 9 -i
  • 7 -a
  • 6 -u
  • 8 -a
  • 12-i
  • 7 -a

Pokoke tembang iki top markotop caahh!!! Liyer-liyer karo ngantuk-ngantuk .

8. Durma

Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, ojo lali nindakake Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).

  • 12-a
  • 7 -i
  • 6 -a
  • 7 -a
  • 8 -i
  • 5 -a
  • 7 -i

9. Pangkur

Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa. Yen pangkur, macapat sing paling tak senengi.

jinejer neng Wedhatama
mrih tan kemba kembenganing pambudi
mangka nadyan tuwa pikun
yen tan mikani rasa
yekti sepi asepa lir sepah samun
samangsane pasamuwan
gonyak-ganyuk nglelingsemi
.

Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)

  • 8 – a
  • 11- i
  • 8 – u
  • 7 – a
  • 12- u
  • 8 – a
  • 8 – i

10. Megatruh

Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita menungsa mesthi mati. (Serius lho cah… cerita Twilight saga, sing jarene ora mati-mati kuwi ngapusi cahh..!!)

Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :

12u, 8i, 8u, 8i, 8o.

Tembang iki mendayu-ndayu..

11. Pocung

Iki uga macapat kang paling akeh kanca-kancaku bisa nembangake. Lumrahe tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise menungsa mati banjur di-pocong (pocung : pocong, dikafani). “ Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna “, “ Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitedah becik, contone:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

Tembang macapat kuwi dudu tembang kaya tembang padha umume. Kowe lan aku uga bisa nggawe tembang macapat. Kang wigati, kudu manut karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ana ing saben-saben tembang macapat mau. Muga-muga bisa kanggo renungan. Para leluhur ing tanah jawi nggawe tembang kang kebak ilmu, pituwuh, lan filsafat kang agung. Ayo dilestarikake lan diuri-uri kabudayane dhewe…

Cekap semanten, tulisan punika dipunsariaken saking kathah sumber. Mugi-mugi saget manfaat tumrap kula panjenengan sami… Nuwun

(Dikutip lan diselarasake saka tulisane aguspu, 24 Juli 2010, ing http://www.ojonesu.com/2010/07/filsafat-ana-ing-tembang-macapat/)